RINGKASAN BAHASA JAWA KELAS 5 - DOLANAN TRADHISIONAL

Dolanan Tradhisional

 

Dolanan tradhisional yaiku dolanan kang nggunakake tata aturan manut adaT-istiadat lan wis ana kanthi cara turun-temurun. Ing jaman saiki dolanan tradhisional iku dadi penting banget. Sebabe dolanan tradhisional iku bisa kanggo sinau tata aturan kang lumaku ing bebrayan (masyarakat) Jawa.

Manfaat dolanan tradhisional:

1.       Sinau ajen- ingajenan,

2.      Kekancan kang becik,

3.     Guyub rukun karo kanca,

4.     Tulung- tinulung,

5.     Migunani tumrap kesarasan,

6.     Ngajari tata krama, budi pekerti lan sopan santun


Kang kalebu dolanan tradhisional iku kaya ta:

·        Egrang,

·        Patil lele,

·        Dhakon,

·        Gatheng,

·        Bekelan,

·        Lumpatan,

·        Betengan,

·        Gobag sodor,

·        Engklek/ gedrig,

·        Jamuran,

·        Cublak suweng,

·        Slekdhur,

·        Dhelikan,

·        Lan sapanunggalane.

 

Kosok balene dolanan tradisional yaiku dolanan modern. Contone piranti canggih iku kaya to android, tab, gadget, playstation. Dampak negatif saka piranti canggih yaiku:

·        Marakake bocah jaman saiki dadi mentingake awake dhewe,

·        Njaluk menange dhewe,

·        Kasar,

·        Gampang nesu,

·        Awak lesu sebab kurang gerak/olahraga.

·        Wragad larang sing kudu diwetokake (boros),

·        Isine dolanan canggih mau sok ana sing ora cocog kanggo saumurane bocah

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

IPAS Kelas 5 ~ Organ Pernapasan Manusia (1)

IPAS KELAS 5 ~ BAGIAN PARU-PARU, FUNGSI DAN MEKANISME KERJANYA

IPAS KELAS 5 ~ GANGGUAN PERNAPASAN PADA MANUSIA