Basa Jawa Kelas 5 - Basa Rinengga (Panyandra, Panyendhu, Pepindhan, Parikan)

Materi Bahasa Jawa Kelas 5

Wulangan 6 Perangane Awak

 

KD 3.6 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya bahasa (basa rinegga) dalama konteks komunikatif.

 Basa Rinengga


A.   Pengertian Basa Rinengga

Basa Rinengga yaiku basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi/direngga- rengga utawa dirumpaka

 Sinaunen maneh Basa Rinengga ing link ngisor iki!

-          https://evadiyahm.blogspot.com/2020/09/materi-bahasa-jawa-kelas-5-basa-rinengga.html

-         https://evadiyahm.blogspot.com/2020/09/basa-jawa-kelas-5-tembung-entar-lugu.html

 

B.   Panyandra, Panyendhu, Pepindhan, Parikan

1.    Panyandra

Panyandra yaiku tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana awak (kata atau frasa yang digunakan untuk memuji tubuh). Ngalembana ing kene bisa kanggo awake dhewe utawa wong liya kang dielem-elem (diapik-apik).

Tuladhane:

§  alise nanggal sepisan (alise njlarit koyo mbulan sabit),

§  bathuke nyela cendhani,

§  drijine mucuk eri (drijine cilik-cilik lancip).

 

2.    Panyendhu

Panyendhu yaiku tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni utawa nyacad (kata atau frasa yang digunakan untuk mengejek atau merendahkan).

Tuladhane:

§  bathuke manyul, nonong

§  lambene nyoro, mecucu, mlongo

§  drijine bujel, kithing, siwil

§  irunge pesek, gruwung, nyeprok

§  ilate cedal.

 

3.    Pepindhan

Pepindhan yaiku ukara kang digunakake kanggo madakake samubarang kang tegese madakake utawa ngupamakne, utawa unen-unen sajroning basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatine (sebuah kalimat yang digunakan untuk menggambarkan hal-hal yang memiliki arti seperti). Biyasane nganggo tembung kaya, lir, pindha, kadya, lan liya-liyane kang ngemu karep 'kaya'. Pepindhan asring digunakake ing pacelathon padinan, sajroning adicara pengantenan, utawa sajeroning babagan sastra.

Tuladhane:

§  Galake kaya macan manak.

§  Polahe kaya gabah diinteri.

§  Jogede kaya merak kasimpir.

§  Lakune kaya macan luwe.

 

4.    Parikan

Parikan yaiku ukara kang kadadeyan saka sampiran lan isi. Parikan ing basa Indonesia sinebut pantun.

Tuladhane:

§  Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik

Gendhong apa mbecak, mlaku thimik-thimik

§  Klambi biru, benike ana lima

Ayo kanca sregep sinau, saengga migunani tumrap bangsa

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Latihan Kompetisi Literasi Numerasi

MATEMATIKA KELAS 5 - LATIHAN SOAL LUAS BANGUN DATAR (PERSEGI PANJANG)

MATEMATIKA KELAS 5 ~ SUDUT