Basa Jawa Kelas 5 - Teks Dheskripsi - Semester 2
Materi Bahasa Jawa Kelas 5
Wulangan 5 Ekosistem
KD 3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks narasi atau deskripsi
Teks Dheskripsi
Kerjakna soal-soal iki kanthi maca ringkesan materi ing ngisore!
1. Terangna apa kang diarani teks dheskripsi?
2. Apa tujuane wong nulis teks dheskripsi?
3. Sebutna titikane teks dheskripsi!
4. Sebutna bab-bab kang kudu didigatekake nalika maca teks dheskripsi!
5. Teks dheskripsi uga njlentrehake samubarang kaya pakartine panca ndriya, apa tegese?
6. Solah bawa lan cara matur aja digawe-gawe, ora prayoga kakehan obah, Becike anteng, manteb ananging ora kaku diarani ....
7. Sikep nalikane maca teks dheskripsi diarani ....
8. Basa kang digunakake kudu dironce dadi ukara kang trep karo pamiyarsa, pilihan tembung kang luwes lan becik. Apa tujuane?
A. Pangertene Teks Dheskripsi
Teks dheskripsi, yaiku teks kang awujud andharan utawa gambaran kanthi tembung-tembung babagan sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean.
Tujuwane teks dheskripsi supaya kaya-kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca duweni dudutan utawa simpulan sing padha karo panulis.
Teks dheskripsi uga njlentrehake samubarang kaya pakartine panca ndriya (panca indra), kang tegese:
1. Rasane lan bisa adaptasi karo alam.
2. Deleng, priksa kabeh sing bakal dibahas ing teks deskripsi.
3. Bisa ngrasakake lan nggawe rasa.
4. Mambu lan rasakna apa-apa.
5. Rungokake liwat kuping lan lakukan pengamatan babagan asil laporan teks deskripsi.
B. Titikane Teks Dheskripsi
1. Nggambarake samubarang (sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean kanthi cetha).
2. Njlentrehake samubarang kang migunakake pancaindra, tuladhane ngrasakake (kulit lan ilat), nyawang (mripat), ngrungokake (kuping), lan ngambu (irung).
3. Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud werna, ukuran, rasa, ganda, kahanan, sipat, lan liya-liyane.
4. Duweni ancas (tujuwan) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh, lan ngrasakna bab sing didheskripsikna dening panulis.
C. Bedane Teks Dheskripsi karo Teks liyane
1. Narasi
Yaiku karangan kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu. Tuladha: crikak (crita cekak), cerbung, novel, dongeng, utawa crita pengalaman pribadhi (pengalaman nalika plesiran, pengalaman kang lucu, aneh, nyenengake, medeni, ngisinake, nyusahake, lan sapanunggalane).
2. Dheskripsi
Yaiku karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang apa bae kanthi rinci.
3. Argumentasi
Yaiku karangan kang isine ngandharake sawijining panemu/gagasan/idhe ngenani bab apa bae dikantheni alesan/bukti sing kuwat, supaya sing maca padha percaya marang panemune penulis mau.
4. Eksposisi
Yaiku karangan isine menehi katrangan salah sijine topik utawa prakara kanggo menehi informasi utawa kabar marang wong kang padha maca.
5. Persuasi
Yaiku karangan kang duweni ancas menehi pangaribawa (pengaruh) marang kang padha maca supaya gelem melu marang apa kang dikarepake pengarang.
D. Mangerteni Isine Teks Dheskripsi
Mangerteni isine wacan iku kaya dene nyritakake maneh ngenani pokok-pokok isine wacan kasebut. Carane mangerteni pokok-pokok isine wacan, yaiku:
1. Prastawa apa kang ana ing wacan kasebut
2. Kapan kadadeane prastawa kasebut
3. Ana ngendi dumadine prastawa kasebut
4. Apa kang njalari dumadine prastawa kasebut
5. Apa wae kang gayut ana ing prastawa kasebut
6. Kepriye dudutan sing dirasakake ing prastawa kasebut
Lumantar goleki pokok-pokok isine wacan bisa dimangerteni kanthi gamblang apa sejatine isine wacan kasebut. Supaya luwih gampangake anggonmu mangerteni isine wacan, kowe kudu negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni sajroning wacan. Tembung-tembung sing dirasa angel ing wacan kasebut, golekana ing kamus bausastra.
E. Nulis, Menehi Tanggepan, lan Maca Teks Dheskripsi
1. Nulis Teks Dheskripsi
a. Tulisen idhe pokok kang mathuk karo barang/obyek.
b. Sebutna lan tulisen babagan kang ana ing barang/obyek kanthi detail/rinci apa anane.
c. Sesambungane antarane babagan kuwi mau bisa kokreka lumantar ukara- ukara kang trep.
d. Nulis paragrap dheskripsi bisa uga gunakake jejaring tema utawa peta konsep. yaiku gambaran cekak aos antarane tema lan paragrap sing dikembangake.
2. Menehi Tanggepan Teks Dheskripsi
Menehi tanggepan kudu adhedhasar rasa kang objektif, maksude babagan kang mbok komentari kudu ana gayutane karo isi teks.
Tuladha: Wah, tulisanmu ngenani teks dheskripsi iki apik banget, amarga babagan sing kokgambarake ing kene trep karo kahanan sanyatane ing desamu, saengga aku kaya-kaya ana ing satengahe desa kuwi.
F. Maca Teks Dheskripsi kanthi Nyaring
Maca teks dheskripsi bisa nganggo teknik maca tanpa swara, bisa uga kanthi nyaring/banter swarane. Nalika maca teks dheskripsi kanthi nyaring, kudu digatekake bab-bab ing ngisor iki:
1. Swara
Swara kudu banter supaya kabeh pamireng utawa pamiyarsa bisa krungu apa kang kawedhar ananging ora kena ana kesan nggetak utawa galak. Swara ora rindhik uga ora monoton.
2. Basa
Basa kang digunakake kudu dironce dadi ukara kang trep karo pamiyarsa. Pilihan tembung kang luwes, becik, supaya kepenak dirungokake lan jumbuh karo swasana lan ancase acara. Ragam basa kang dipilih kudu jumbuh karo swasana.
3. Subasita
Solah bawa lan cara matur aja digawe-gawe, ora prayoga kakehan obah, Becike anteng, manteb ananging ora kaku.
4. Patrap
Patrap utawa sikep nalikane maca, yaiku ing antarane jumenenge jejeg ananging ora kaku, sikil ora mepet utawa mbegagah, ora ndhingkluk utawa ndhangak, ora kakehan obah, lan pandengan kudu madhep kabeh pamiyarsa ora mung kendel ing sak panggon wae.
Komentar
Posting Komentar