MATERI BAHASA JAWA KELAS 5 - TEKS NARASI, TEKS DHESKRIPSI
Teks Narasi
Teks narasi yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis. Wong kang maca teks narasi kaya-kaya ngalami dhewe kedadean kang diandharake.
Struktur teks narasi yaiku:
1) Alur: urutane kedadean
2) paraga lan watake/ penokohan: kang ngalami kedadean
3) latar: wektu, papan/ panggon, lan swasanane kedadean
Teks Dheskripsi
Teks Dheskripsi yaiku tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggon, utawa kedadean kanthi njlimet/ rinci nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe obyek sing digambarake penulis.
Struktur Teks Dheskripsi yaiku:
1) Idhentifikasi: obyek, panggon, utawa barang kang diandharake kanthi umum
2) Klasifikasi: ngandharake bagean-bageane obyek
3) Dheskripsi bagean: ngandharake bagean-bagean kanthi rinci
Maca lan Nyritakake Maneh Isine Teks Narasi
Kanggo maca teks kang becik supaya jelas lan kepenak dirungokake, uga gampang dimangerteni maksude, kita kudu nggatekake babagan:
1. Pangucap
Lafal pangucape kudu teteh/fasih, bener lan becik. Pangucapane kudu cetha lan resik. Ora kena mangu-mangu.
2. Wirama
Wirama yaiku intonasi utawa andhegan nalika maca. Ana lagu utawa intonasi pawarta, pitakon, lan pakon.
a. Ukara pawarta umume ana ing wusanane tembung tandhane tandha titik ().
b. Ukara pitakon, ana ing wusanane tembung tandhane tandha takon (?).
c. Dene ukara pakon ana ing wusanane tembung tandhane tandha penthung
3.
Ekspresi lan Solah Bawa
Ekspresi lan solah bawa iku dhasare isi lan swasana kang ana ing wacan. Ana seneng, susah, medeni, lan sapiturute. Solah bawa, yaiku obahe perangan awak kang cocog karo werdi lan swasana sing kepingin diandharake.
Komentar
Posting Komentar