Basa jawa Kelas 5 - tembung entar & lugu

 Materi Bahasa Jawa Kelas 5

KD 3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya bahasa (basa rinengga) dalam konteks komunikatif.

A.   Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan). Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan).

Tuladha Tembung:

-          Dawa tangane   = seneng njejupuk barange liyan, utawi seneng nyolong barange wong liya

-          Golek urip           = nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhane.

-          Meres kringet    = tandhang gawe abot

-          Weteng karet    = ora duwe rasa wareg

-          Idu geni              = omongane mandi

-          Tipis lambene    = ceriwis, akeh omong (cerewet)

-          Ngabangake kuping   = gawe nesu (membuat marah)

-          Abang kupinge            = nesu banget (marah sekali)

-          Nggegem tangan        = kesed nyambut gawe (malas bekerja)

-          Rai gedheg                  = ora nduwe isin (tidak punya rasa malu)

-          Gedhe endhase           = sombong

-          Banjir getih                  = perang

-          Nyolok mata                = ketara banget (kelihatan sekali)

-          Bening ati                     = sumeh

-          Cilik ati                         = minder, gampang mbleret/ ora kuat ati

-          Landhep dhengkul      = bodo banget

-          Entheng tangane        = seneng milara utawa seneng tandang gawe

-          Jembar kubure            = tegese slamet ing alam kubur

-          Lara owah                    = wong edan

 

Tuladha ukara:

-          Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.             

-          Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.


B.   Tembung Lugas/ Lugu

Tembung Lugas/ Lugu yaiku tembung sing duwe teges sawantahe/sabenere tanpa ana teges liya-liyane. Ing bahasa Indonesia Tembung Lugas/ Lugu yaiku kata yang memiliki makna penuh / makna tanpa makna lain/ makna yang sesungguhnya.

Tuladha Tembung:

-          Layangane pedhot

-          Gedhe dewe

 

Tuladha ukara:

-          Doni nangis amarga layangane pedhot di gondol angin.

-          Jamal bocah gedhe dewe sak kelase.

 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Latihan Kompetisi Literasi Numerasi

MATEMATIKA KELAS 5 - LATIHAN SOAL LUAS BANGUN DATAR (PERSEGI PANJANG)

MATEMATIKA KELAS 5 ~ SUDUT