Materi Bahasa Jawa Kelas 5 Basa Rinengga

 

Materi Bahasa Jawa Kelas 5

Wulangan 3 Rukun Agawe Santosa

KD 3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya bahasa (basa rinengga) dalam konteks komunikatif.

Basa Rinengga

 A.   Pangerten

Basa Rinengga yaiku

1.      Basa endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi / direngga - rengga utawa dirumpaka.

2.     basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati.

3.     basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati.

 

B.   Tujuan

Kanggo nambahi kaendahaning ukara(pepaes).

 

C.    Jinis-jinise

1.      Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan.

Tuladha tembung:

a.     Adhem ayem

b.    Bapa biyung

c.     Guyub rukun

d.    Edi peni

e.    Gemah ripah

f.      Loh jinawi

g.    Mukti wibawa

h.    Candhak cekel

i.       Sanak kadang

 

Tuladha ukara:

a.     Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.

b.    Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi.

 

2.     Tembung camboran, yaiku tembung camboran tegese loro utawa sing dirangkep dadi siji.

a.     Camboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung lorosing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.

Tuladha:

-          Nara + pati = narpati

-          Prapta + ing = prapteng

-          Idu + abang = dubang

-          Iya + iku = yeku

-          Sura + ing = sureng

-          Parama + iswari = prameswari

-          Digugu + ditiru = guru

-          Balung + kulit = lunglit

-          Gawe + kadang = wedang

-          Kaku + cempluk = kupluk

-          Abang + ijo = bangjo

-          Ibu + cilik = bulik

-          Mengko + disek = kosek

 

b.    Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane.

Tuladha:

-          Meja tulis

-          Lemari kaca

-          Pager bata

-          Pitik walik

-          Buku gambar

-          Pancasila

-          Bimaputra

-          Wijaya kusuma

-          Mahasiswa

-          Dwiwarna

 

3.     Tembung entar, yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan). Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan).

Tuladha Tembung:

-          Dawa tangane

-          Golek urip

-          Meres kringet

-          Weteng karet

-          Idu geni

-          Tipis lambene

Tuladha ukara:

-          Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.             

-          Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.

 

4.    Tembung panyendhu, yaiku unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa pepindhan. Kanggo nelakake rasa ora seneng ing ati babagan awak, solah bawa.

Tuladha:

-          Bathuke nonong irunge pesek

-          Mripate kero rambute gimbal

 

5.     Tembung panyandra, yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kaanan kadhapur pepindhan.

Tuladha :

Alise nanggal sepisan irunge ngundhup mlathi

Drijine mucuk eri pakulitane ngulit langsep

 

6.    Parikan, yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.

Tuladha:

-          Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi

-          Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.

-          Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.

-          Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakehan ragat.

-          Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu

 

7.     Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Tuladha:

-          Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.

-          Ana dina ana upa, ana awan ana pangan

-          Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula

-          Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kertasana.

 

8.    Dasanama, yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha (beberapa kata yang memiliki arti/makna yang sama)

Tuladha:

-          Abang (merah) = abrit, rekta, jingga, jenar

-          Beda = beneh, liya, pae

-          Dalan (jalan) = marga, margi, lurung, enu, delanggung

-          Dhuwur (tinggi) = luhur, inggil, dhuhur, punjung

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Latihan Kompetisi Literasi Numerasi

MATEMATIKA KELAS 5 - LATIHAN SOAL LUAS BANGUN DATAR (PERSEGI PANJANG)

MATEMATIKA KELAS 5 ~ SUDUT