BASA JAWA KELAS 5 ~ PEMBAHASAN SOAL TEKS DHESKRIPSI

 

 PEMBAHASAN SOAL

Teks Dheskripsi


Kerjakna soal-soal iki kanthi maca ringkesan materi ing ngisore!

1. Terangna apa kang diarani teks dheskripsi?
Wangsulan:
Teks kang awujud andharan utawa gambaran kanthi tembung-tembung babagan sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean.

              

2. Apa tujuane wong nulis teks dheskripsi?
Wangsulan:
Supaya kaya-kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca duweni dudutan utawa simpulan sing padha karo panulis.

3. Sebutna titikane teks dheskripsi!
Wangsulan:
  • Nggambarake samubarang (sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean kanthi cetha).
  • Njlentrehake samubarang kang migunakake pancaindra, tuladhane ngrasakake (kulit lan ilat), nyawang (mripat), ngrungokake (kuping), lan ngambu (irung).
  • Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud werna, ukuran, rasa, ganda, kahanan, sipat, lan liya-liyane.
  • Duweni ancas (tujuwan) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh, lan ngrasakna bab sing didheskripsikna dening panulis. 

4. Sebutna bab-bab kang kudu didigatekake nalika maca teks dheskripsi!
Wangsulan:
  • Swara
  • Basa
  • Subasita
  • Patrap

5. Teks dheskripsi uga njlentrehake samubarang kaya pakartine panca ndriya, apa tegese?
Wangsulan:
  • Rasane lan bisa adaptasi karo alam.
  • Deleng, priksa kabeh sing bakal dibahas ing teks deskripsi.
  • Bisa ngrasakake lan nggawe rasa.
  • Mambu lan rasakna apa-apa.
  • Rungokake liwat kuping lan lakukan pengamatan babagan asil laporan teks deskripsi.

6. Solah bawa lan cara matur aja digawe-gawe, ora prayoga kakehan obah, Becike anteng, manteb ananging ora kaku diarani ....
Wangsulan:
Subasita

7. Sikep nalikane maca teks dheskripsi diarani ....
Wangsulan:
Patrap

8. Basa kang digunakake kudu dironce dadi ukara kang trep karo pamiyarsa, pilihan tembung kang luwes lan becik. Apa tujuane?
Wangsulan:
Supaya kepenak dirungokake lan jumbuh karo swasana lan ancase acara.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Latihan Kompetisi Literasi Numerasi

MATEMATIKA KELAS 5 - LATIHAN SOAL LUAS BANGUN DATAR (PERSEGI PANJANG)

MATEMATIKA KELAS 5 ~ SUDUT